Laman

Kamis, 18 Mei 2017

KAWRUH SESORAH

KAWRUH SESORAH

A. Pangertosan
             Sesorah utawi pidhato, ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajeng tiyang kathah. Tiyang ingkang sesorah utawi medhar sabda dipunsebat pamedhar sabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.


B. Bab ingkang dipungatosaken nalika sesorah
 Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken :
             1. Busana (Ageman)
        Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan keperluwanipun, wonten ing adicara
menapa ingkang badhe dipunwayahi.
             2. Subasita (Trapsila, tata Krami)
        Trapsila ungkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados
kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngatos kedamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. Pramila menika saged gladhen wonten ing sangajengaipun pengilon ingkang ageng, mangke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin pantes. Sha kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, saged nggambaraken wosing penggalih, ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
             3. Swara ( Vokal, basa Populer)
       Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih semanten ugi, kaudia saged mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. 
            4. Basa Tuwin Sastra
        Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirengaken. Dene basa ingkang trep ugi ngengeti tuntunaning parama-sastra ingkang leres. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil andhap, rikat rindhik, lsp. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angegeti :
             a.    Sinten ingkang gineman
             b.    Sinten ingkang dipunajak gineman
             c.    Sinten ingkang dipun ginem
             d.   Swasana nalikanipun gineman
             e.    Sami mangertosi ingkang dipun ginem.
              Awit saking punika, pranatacara utawi pemedar sabda kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mrarani ingkang midhanget. Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika :
    
    Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken :
1.  Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri
2.  Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
3.   Polatan katingal sumeh, namung boten katingal kadamel-damel 
4.   Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
5. Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten boten kapireng ndredheg
6. Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7. Ngagem basa ingkang alus, ananging boten perlu basa ingkang muluk2, supados gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken
8.  Pangandikan boten perlu muter2, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa ingkang badhe dipunkajengaken.

C. Rantamaning Sesorah
  1. Salam Pambuka : Manut kapitadosan saha swasanipun
  2. Purwaka : Inggih menika ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
  3. Surasaning basa/isi/wos sesorah : Underaning bab ingkang dipunwedharaken.
  4. Dudutan (simpulan) : Intisarining wedharan.
  5. Pangajeng-ajeng : Bab ingkang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng.
  6. Wasana : Atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.

D. Jinising Sesorah
             Kanthi mekaten jinising pidhato utawi sesorah saged kabentenaken dados warni sekawan.
             1. Sesorah kanthi Cara (Model) Apalan
        Sesorah cara menika sederengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Ing mriki adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng sagde kesupen sedayanipun. Pramila cara menika sering dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladen utawa ajar.
            2. Sesorah kanthi Cara (Model) Naskah utawi Teks
       Sesorah cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi catetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Asring dipunginakaken dening para pejabat utawa punggawaning negari, mliginipun ing upacara-upacara resmi.
           3. Sesorah kanthi Cara (Model) dadakan utawi Impromtu
         Boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah. Piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar sabda. Kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
           4. Sesorah kanthi cara (Model) Eksemproran
           Juru pamedhar sabda ngasta utawi damel catetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung garis ageng ingkang badhe dipunaturaken, ing salajengipun samangke dipun ngrembakaken piyambak.

E. Nulis Sesorah
Wedharing pangandikan kudu urut-runtut, cetha pilah-pilihane, lan isine pangandikan kudu jumbuh kaliyan ayahane. Babaring pangandikan iku bisa kaperang dadi telung perkara inggih punika :
1.    Perangan purwaka, ngemot :
a.    Uluk salam utawa salam pambuka
b.    Pakurmatan marang tamu
c.    Puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung
d.   Ngaturake ayahan utawa jejibahane
2.    Perangan isi/wigati/inti, ngemot : (umpamane wakil panitya, wakil kang kagungan hajat)
a.    Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b.    Ngaturake ujuding gati/khajate (khajate apa, kapan kalaksanane, para tamu disuwun apa).
c.    Ngaturake agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat, lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwales mugi Gusti ingkang males.
d.   Nyuwunake pangapunten awit sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitya.
e.    Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3.    Perangan panutup, ngemot :
a.    Para tamu kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung).
b.    Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi.
c.    Salam panutup.

F. Tuladha
 1. Sesorah Tanggap Warsa  Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya tanggap warsa SMA Buana ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan. 
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan menika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa SMA Buana menika.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan  mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.



2. Sesorah Dinten Kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
               Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
               Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
               Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
               Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
               Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

3. Sesorah Dinten Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha  ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.



Sumber : LKS KAWURYAN KELAS XI SEMESTER 2 SMA/MA/SMK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar